Laman

Cari Blog Ini

Rabu, 25 Juni 2008

Javanese Alphabet-Aksara Jawa

Javanese alphabet
The earliest known writing in Javanese dates from the 4th Century AD, at which time Javanese was written with the Pallava alphabet. By the 10th Century, the Kawi alphabet, which developed from Pallava, had a distinct Javanese form.

By the 17th Century, the Javanese alphabet, also known as tjarakan or carakan, had developed into its current form. During the Japanese occupation of Indonesia between 1942 and 1945, the alphabet was prohibited.

For a period from the 15th Century onwards, Javanese was also written with a version of the Arabic alphabet, called pégon or gundil.

Since the Dutch introduced the Latin alphabet to Indonesia in the 19th Century, the Javanese alphabet has gradually been supplanted. Today it is used almost exclusively by scholars and for decoration. Those who can read and write it are held in high esteem.

Notable features


  • Javanese is a syllabic alphabet - each letter has an inherent vowel /a/. Other vowels can be indicated using a variety of diacritics which appear above, below, in front of or after the main letter.
  • Each consonants has two forms: the aksara form is used at the beginning of a syllable, while the pasangan form, which usually appears below the aksara form, is used for the second consonant of a consonant cluster and mutes the vowel of the aksara.
  • There are a number of special letters called aksara murda or aksara gedhe (great or important letters) which are used for honorific purposes, such as to write the names of respected people.
  • The order of the consonants makes the following saying, "Hana caraka, data sawala padha jayanya, maga bathanga" which means "There were (two) emissaries, they began to fight, their valor was equal, they both fell dead"

Used to write:

Javanese (basa Jawa), an austronesian language spoken by about 75 million people in Indonesia and Suriname.

The Javanese alphabet was also used to write Balinese and Sundanese, but has been replaced by the Latin alphabet

The Javanese alphabet


:::: Aksara consonants:











Pasangan consonants






Aksara murda consonants






vowel diacritics and final consonant diacritics










Punctuation







Numerals




Sample text in the Javanese alphabet (Lord's Prayer)



Transliteration:

Rama kahula hika wonten 'i swarga. wasta sampeyan dadossa subši. sadžaman sampeyan rawu?ha. kars sampeyan dadossa 'i bumi kados 'i swarga. redžekki kahula ka saintendinten sukanni dinten puniki mari kahula. hambi puntan mari kahula dosa kahula, kados kahula puntan mari satungiltugil titiyu ka sala? mari kahula. hambi sampun bekta kahula 'i pertšoban. tapi tšutšullken kahula bari pada sa ?awon, sabab sadžaman hambi kawasa sarta kamukten gusti kagu ?annipun dumugi 'i ?awet. Amin


Sample text in Javanese

Saben uwong kalairake kanthi mardika lan darbe martabat lan hak-hak kang padha. Kabeh pinaringan akal lan kalbu sarta kaajab pasrawungan anggone memitran siji lan sijine kanthi jiwo sumadulur.

Translation

All human beings are born free and equal in dignity and rights. They are endowed with reason and conscience and should act towards one another in a spirit of brotherhood.
(Article 1 of the Universal Declaration of Human Rights)

Naskah ini dulu saya backup di http://kusnob.co.cc
sempat dalam posisi draft selama hampir 2 bulan

Minggu, 22 Juni 2008

Aksara Jawa

AKSARA JAWA LAN PERANG DUNIAPosted by ce on Apr 6, 2008 for everyoneAksara Jawa mono, manut dongengane, mula bukane saka paraga kang asma Aji Saka, asale saka tanah Hindustan. Ewa samono Dr. Purwadi, MHum ing buku Asal Mula Tanah Jawa, nulis yen ana dedongengan liya ngenani aksara Jawa iki, yaiku asale saka Dewa Panyarikan kang memba sawijining brahmana, aran Brahmana Srita. Tumurun saka kahyangan menyang tanah Hindustan kang sabanjure tumuju Tanah Jawa. Tindake menyang Tanah Jawa kakanthen dening brahmana cacah wolu. Ing Jawa para brahmana mau mulangake tulisan Jawa. Embuh endi ing antarane dongeng ing dhuwur iku sing bener. Sing genah, aksara cacah 20 kang kapantha lima-lima iku duwe kandhutan sawijining crita: Hanacaraka (ana utusan), Datasawala (padha padudon), Padhajayanya (padha digdayane), lan Magabathanga (padha dadi bathang/sampyuh). Ing Primbon Bektijammal Adammakna, katlesih kandhutan werdining aksara Jawa mau mangkene: Hanacaraka (ana utusan, yaiku utusane Gusti Allah, wong lanang lan wong wadon), Datasawala (utusan mau padha padu, yaiku padha campuh saresmi), Padhajayanya (padha digdayane), lan Magabathanga (lanang wadon padha sampyuh). Lire, donya iki dumadi saka wong lanang wadon kang mujudake utusane Gusti Allah. Lanang wadon mau padha padu tegese campuh saresmi netepi wajib anggone padha jejodhowan. Padha digdayane, ateges tandhing karosane. Sabubare saresmi biasane kaya wong kang sampyuh ing paprangan, ngglethak angler. Othak-athik mathuk pancen gaweyane wong Jawa. Klebu werdine aksara Jawa kang rinonce kaya iki: Ha (H)urip, Na (nur), C (cahya), Ra (roh/rasa), Ka (kumpul), Da (dadi), Ta (tetes), Sa (sawiji), Wa (wadon), La (lanang), Pa (pati), Dha (dhadhal), Ja jiwa (raga), Ya (ya Allah), Nya (nyata), Ma (manungsa), Ga (gilir gumanti), Ba (bakal), Tha (thukul), Nga (ngalam donya). Yen tembung-tembung ing dhuwur iku dironce, aksara Jawa cacah 20 iku nduweni teges: Urip (asal saka) nur cahya (lan) roh (kang) kumpul dadi tetes sawiji (nuwuhi) wadon (lan) lanang, (samangsa tumekeng) pati, (bakal) dhadhal jiwa ragane, ya Allah, nyata manungsa gilir gumanti bakal thukul (ing) ngalam donya. JANGKA KAMARDIKAN Ing jagad kejawen ana sawijining jangka utawa ramalan kang unine mangkene: Benjing menawi sampun wonten Pandita utawi Wiku Angesthi Sawiji, ing ngriku awit saking karsaning Sang Hyang Widi kendeling dahuru. Tanah Jawi wiwit tata tentrem. Jangka arupa candrasengkala iki tlesihane mangkene: Pandhita (7), Wiku (7), Mangesthi (8), Sawiji (1). Tibane taun Jawa 1877 utawa taun 1945 M. Jangka kasebut duwe karep, kahanan bakal tata tentrem sawise kita merdeka, yaiku taun 1945. Sawise merdeka, pranyata perang isih makantar-kantar. Ing jaman sawise merdeka iku mula ana maneh tetembungan kang werdine sinengker. Mangkene: Galibedan tudang-tuding kados tiyang edan, metangi sakathahing tiyang. Lan uga tetembungan: Diwolak-walik gosong. Ukara sinengker iki candhakane taun 1881 Jawa (1949 M) yaiku taun penyerahan kedaulatan saka Belanda menyang RI. Angka taun 1881 iku nuduhake tembung tudang-tuding (angka 1 cacah loro) lan tembung diwolak-walik gosong (angkane 1881 diwolak-walik sami mawon). Saliyane iku, angka 1881 yen ditulis nganggo aksara Jawa mangkene: 1 (ga), 8 (pa/aksara gedhe). Banjur dadi tulisan ga-pa-pa-ga (gak, pa-pa, gak). Karepe, ing penyerahan kedaulatan taun 1949 iku Belanda wis gak, pa-pa, gak (ora ana apa-apane), pancene kudu ngono manut jangka. Nalika jamane R Ng. Ranggawarsita, tau panjenengane ditakoni dening CF Winter, sawijining bangsa Landa kang kasengsem marang sastra Jawa. Pitakone mangkene, “Kyai Pujangga, manut wawasan Kyai kang waskitha, kapan kira-kira surute panguwasane Belanda ing Tanah Jawa iki?” R. Ng. Ranggawarsita kanthi aris mangsuli, yen mengko wis ana “Ori awoh gaga lan Gusti Patih wuda”, iku titi mangsane Walanda oncat saka bumi Jawa. Mesthi wae CF Winter ora ngerti apa sing dikarepake. Apa ana pring ori kok awoh pari gaga lan Gusti Patih kok ora duwe isin. Sing dikarepake unen-unen mau, Ori dudu pring nanging jenenge Gubernur Jendral Belanda. Gaga dudu pari nanging aksara Jawa “ga” jejer loro, kang tegese angka 11 (sewelas), yaiku samangsa rajane Paku Buwana XI (1939-1945). Ya ing wanci kuwi Landa bakal oncat saka Jawa. Dene sing dikarepake Gusti Patih wuda, yaiku patihe PB XI ingkang asma Jayanagara. Sing dikarepake wuda yaiku jenenge kang nglegena (Jayanagara), aksara Jawa yen ora disandhangi disebut nglegena (wuda). PERANG DUNIA I LAN II Kang pungkasan, yaiku sesambungane aksara Jawa klawan Perang Dunia I lan II. Perang Dunia I suwene limang taun, yaiku 1914-1918. Angka taun 1914 yen digunggung ketemu angka 15 (1+9+1+4). Angka 15 kagunggung maneh candhakane angka 6. Sabanjure angka taun 1915, 1916, 1917, lan 1918, yen digunggung kaya cara ing dhuwur iku bakal ketemu candhakan angka, 7, 8, 9, lan 10. Angka-angka candhakan 6, 7, 8, 9, 10, yen dilebokake ing wilangan aksara Jawa ketemu aksara Da, Ta, Sa, Wa, La (padha padu utawa perang). Pancen bener, taun 1914-1918 ana perang. Semono uga tumrap mbledhose perang Dunia II kang uga 5 taun suwene, yaiku 1941-1945. Yen angka-angka taun 1941-1945 kita gunggung nganggo cara ing ndhuwur, uga bakal ketemu angka 6, 7, 8, 9, 10. Persis uga kepethuk maneh aksara Datasawala kang ateges ing taun-taun iku dumadi perang. Apa besuk yen bledhos Perang Dunia III taune uga cocog maneh kaya ing dhuwur iku? Mung Gusti Allah sing pirsa. Ature: Poerwanto Rs. JB 42/LX, 18-24 Juni 2006